English Globally, Learning Widely.

Monday, July 1, 2013

Tulodho Pranoto Acoro



HAFLAH AKHIRUSSANAH KAPING KALIH TPQ MDA “BUSTANUL ULUM”
30 Juni 2013, Sudipayung Ngampel Kendal

Assalamu’alaikum Wr Wb
Muqoddimah
Katentreman, karahayon awit sih ipun Gusti Allah SWT mugi tansah kapatedhakaken dumateng panjenengan sedoyo soho kulo.
Kulo nuwun,
Wonten ing ngarsanipun poro alim, poro kyai, mirungganipun konjuk dumateng Al-Mukarrom romo K. H Muhjar Abdullah  ingkang tansah kulo tenggo fatwanipun soho maidlo hasanahipun, ingkang dahat sinu darsono.
Wonten ngarsanipun Bopo kepala deso Sudipayung, nun inggih Bopo H. Sutono, A.Md ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Dumateng poro pinisepuh poro sesepuh ingkang satuhu kinabekten.
Dumateng poro Ustadz, poro ustadzah TPQ MDA Bustanul Ulum Sudipayung ingkang satuhu luhuring budhi. Poro Bopo, poro Ibu soho poro tamu sinedahan utawi undangan rakhimakumullah.
Kanthi tansah ngunjukaken pujo puji syukur wonten ing ngarsonipun Gusti Allah SWT ingkang tansah ambabar doyo pangaribowo ingkang tumanduk dumateng poro kawulo dasih.
Kulo lan panjenengan sedoyo angrumaosi titah inggih titi sawantah milo sumonggo panjenengan sedoyo kulo derekaken ngaturaken panuwun syukur konjuk ing ngarso dalem Gusti Allah SWT, Bikhoulinaa Alhamdulillahirobbil’alamiin, bilih ing wanci ndalu meniko kulo lan panjenengan sedoyo saged makempal wonten ing acoro “Haflah Akhirussanah Kaping Kalih TPQ-MDA Bustanul Ulum Sudipayung” kanthi kebak ing karaharjan.
Sholawat soho salam konjuk Nabiyullah Agung Muhammad SAW ingkang ngasto piwulang toto susilo tuwin toto titining agesang poro kawulo dasih saha ingkang tansah kulo lan panjenengan sedoyo antu-antu syafa’tipun benjang wonten ing yaumil qiyamah. Amiin Allahuma Amiin.
Poro bopo, poro ibu saha poro lenggah rakhimakumullah,
Inggih awit saking kersanipun panitio ing ngriki kulo kajibahan amaosaken lampah-lampahing acoro “Haflah Akhirussanah Kaping Kalih TPQ-MDA Bustanul Ulum Sudipayung” ing wanci ndalu meniko.
Menggah lampah-lampahing acoro ingkang kapisan nun inggih:
1.       Pambuko
2.      Waosan ayat-ayat suci Al-qur’an
3.      Waosan tahlil
4.      Sambutan-sambutan
5.      Panglipur seni soho prosesi wisuda
6.      Sumene utawi istirahat
7.      Acoro inti “Maidlo Hasanah”
8.     Panutup


Menggah acoro ingkang kapisan nun inggih pambuko, ingkang badhe kapimpin Bopo Ky. Syamsul Hadi. Ing wasono wekdal kasumanggakaken, nuwun.
(matur nuwun, mekaten pambuko meniko mugi-mugi tansah saged hamanggeh nambahing lancaripun acoro ing wanci ndalu meniko)

Jangkeping acoro kaping kalih nun inggih waosan ayat-ayat suci Al-qur’an, ingkang badhe kawaos dene Al-Ustadz Abdul Aziz. Ing wasono wekdal kulo sumonggokaken, nuwun.
(matur nuwun)

Wondene acoro ingkang kaping tigo nun inggih waosan tahlil, ingkang badhe kapimpin Bopo Ky. H. Muhammad Ichwan. Ing wasono wekdal kulo sumonggokaken, nuwun.
(matur nuwun)

Menggah acoro saklajengipun nun inggih sambutan-sambutan:
Sambutan ingkang kapisan nun inggih saking pangarsa panitio Haflah Akhirussanah TPQ MDA “Bustanul Ulum” Sudipayung, dumateng Bopo Rohmat Affendi, S.Pd.i, ing wasono wekdal kasumanggakaken, nuwun.
(matur nuwun)

Sambutan ingkang kaping kalih nun inggih saking pangarsa TPQ MDA “Bustanul Ulum” Sudipayung, dumateng Bopo Mohammad Abdul Khodir, ing wasono wekdal kasumanggakaken, nuwun.
(matur nuwun)

Sambutan ingkang kaping tigo nun inggih saking Kepala Desa Sudipayung, dumateng Bopo H. Sutono, A.Md,  ing wasono wekdal kasumanggakaken, nuwun.
(matur nuwun)

Wondene acoro saklajengipun, acoro ingkang kaping gangsal inggih meniko panglipur seni soho prosesi wisuda.
Daftar Wisudawan – wisudawati TPQ MDA “Bustanul Ulum” Sudipayung Angkatan kaping kalih:
1.       (Ananda) Hamda Arsya Mudhafa. Putro Bopo Ablori.
2.      (Ananda) Hilman Thoriq. Putro Bopo Suwarto.
3.      (Ananda) Afif Bagus Rahmawan. Putro Bopo Abdul Rohman.
4.      (Ananda) Febri Ariyanto. Putro Bopo Listiyono.
5.      (Adinda) Titis Senja Prajanti. Putri Bopo Suranto, S.Pd.
6.      (Adinda) Eka Ghina Monasinta. Putri Bopo Giyono.
7.      (Adinda) Nur Aini Fitri Anita. Putri Bopo Suyatno.
8.     (Adinda) Sri Yanti. Putri Bopo Bambang Wiranto.
9.      (Adinda) Yuni Nur Aini. Putri Bopo Mohammad Judi.
10.  (Adinda) Eka Yuliana Suryaningrum. Putri Bopo Suryadi.
11.   (Adinda) Auryn Nadindra Anhela. Putri Bopo Andang Suratno, S.E.
12.  (Ananda) Muhammad Adji Dyta Septia Rahmatullah. Putro Bopo Sukardi.
13.  (Ananda) Ferry Septi Pangestu. Putro Bopo Sumito.
14.  (Ananda) Abdul Aziz. Putro Bopo Sugi.
15.   (Ananda) Okta Yuda Kurniawan. Putro Bopo Darsono.
16.  (Ananda) Anggana Rizky Setianta. Putro Bopo Sukrisno.
17.   (Ananda) Muhammad Sifa’ul Murofiki. Putro Bopo Abdul Fattah.
18.  (Ananda) Muhammad Farhan Saputra. Putro Bopo Tugiriono.
19.  (Ananda) Muhammad Ghufron. Putro Bopo Sukidun.
20. (Ananda) Faizul Maulidishofa. Putro Bopo Maulana.
21.  (Ananda) Azhar Faiq. Putro Bopo Supono.
Saklajengipun persembahan Mars saha Hymne TPQ saking poro wisudawan wisudawati TPQ MDA Bustanul Ulum Sudipayung. Ing wasono wekdal kasumanggakaken, nuwun.
(Matur nuwun)
Saklajengipun persembahan Ikrar Santri ingkang badhe kapimpin Ananda Hamda Arsya Mudhafa. Ing wasono wekdal kasumanggakaken, nuwun.
(Matur nuwun)
Saklajengipun Penyematan poro wisudawan wisudawati TPQ MDA Bustanul Ulum Sudipayung ingkang badhe kapimpin Bopo H. Sutono, A.Md. saha Bopo Mohammad Abdul Khodir. Ing wasono wekdal kulo sumanggakaken, nuwun.
(Matur nuwun)

Wondene acoro ingkang kaping enem nun inggih, sumene utawi istirahat.
(Ingkang badhe dipun aturaken saking grup Rebana “Laras Iromo” Sudipayung, dene panyarwe saha pangalembono kulo sumonggokaken dumateng ngarsanipun panjenengan, nuwun)
(Matur nuwun)

Wondene acoro ingkang saklajengipun nun inggih acoro inti “Maidlo Hasanah”, ingkang badhe ka’asto dene Al-Mukarrom Romo K.H . Muhjar Abdullah, ing wasono wekdal kasumanggakaken , nuwun.
(matur nuwun)

Wondene acoro pungkasan nun inggih, panutup.
Poro tamu kakung saha putri ingkang satuhu dahat kinurmatan kados sampun dungkap paripurno lampahing acoro ing wanci ndalu meniko, awit saking meniko jumbuh kaliyan urut reruncening acoro ing wanci ndalu meniko. Kulo minangka jejering pambiworo rumaosi anggenipun angacarani lampahing acoro meniko taksih kathah kekiranganipun, ingkang kanthi meniko kulo tansah mawantu-wantu lumunturing samudro pangaksomo. Nuwun..... nuwun.... maturnuwun.

Akhirul kalam, wabillahitaufik walhidayah
Wassalamu’alaikum Wr Wb

0 komentar:

Post a Comment